Jumat, 07 Agustus 2015

RECO NGGLANDAG karya : Wiji Thukul

 

reco nggladag

coba takona

bocah-bocah kuwi anake sapa

apa kupingmu ora risi

krungu cekikikane bocah-bocah kuwi

coba takonana omahe ngendi

iki wis bengi

coba tamatna sopir-sopir becak kae

turu angler ora sarungan

apa sing dienteni? rejeki?

 

reco nggladag

tulung

jawilna sutinah

sing rambute dawa diklebang loro

kuwi

mengko esuk arep turu ngendhi?



 

solo, 4.8.87

=WIJI THUKUL=

Tidak ada komentar:

Posting Komentar