Jumat, 07 Agustus 2015

JALAN MAGELANG TENGAH WENGI karya : Wiji Thukul

bakul-bakul genthong

genteyongan mikul dagangan

baris ing petengan

kaya budhak mangkat kerja rodi

 

bakul-bakul genthong

genteyongan munggah-mudhun

saka desa mlebu kutha

golek pasar

 

bakul-bakul genthong

genteyongan

mburu pulukan upa



 

kartasura, 2.8.87

=WIJI THUKUL=

Tidak ada komentar:

Posting Komentar