Minggu, 09 Agustus 2015

JIMAT SEKTI karya : Wiji Thukul

wong lanang kudu menang

wong wedhok kudu ngalah

wong lanang ngekep jagad

wong wedok ra kena mbantah

wong lanang kena saba sakdalandalan

wong wedok wis mesthine ning

ngumah

wong lanang bedhigasan ora nggenah

wong wedok ora wani obah

 

wong lanang kuwi pancen ngglathak

licik lucu lan mamak

karepe wong wedok mung dikon

mlumah ngglethak

yen gregah-gregah arep tangi

gage-gage diagar-agari jimat sakti

sing jenenge norma adat tradisi

 




=WIJI THUKUL=

Tidak ada komentar:

Posting Komentar