Minggu, 09 Agustus 2015

GEGURITAN IKI MUNG PENGIN KANDHA karya : Wiji Thukul

 

geguritan iki mung pengin kandha

ing njaba ana wong sambat ngaluara

sajake bubar dipulasara

swarane ora cetha

gremeng-gremeng ing petengan

cangkeme pecah

awak sekojur abang biru

apa kowe ora krungu?

coba lirihna omonganmu

mbok menawa kowe ngerti

apa karepe

 

geguritan iki mung aweh kabar

ing njaba bathang bosok pirangpirang

apa irungmu ora mambu

 

thok! thok! thok!

sing teka aku kana

lawangmu ngakna



 

solo, 8.6.87.

=WIJI THUKUL=

Tidak ada komentar:

Posting Komentar